Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Katur
panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati,
rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming
sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih
pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng
kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal
menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa
utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri
langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu
badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken
tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit
tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah
anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba
ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten
pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih,
mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi
narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng
saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo
kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos
kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito
dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan
tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula
kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken
pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah
kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing
panggalih.
Panutuping
atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar